BAWANG ABANG lan
BAWANG PUTIH


ing sawijining dina, ing salahsiji desa ana kaluwarga kang terdiri dari ibu, lan
anak 2 wadon kabeh. Jeneng anak iki bawang abang lan bawang putih. Ibu lan
bawang abang nduweni sifat kang ala, nanging bawang putih sifate kang apik.
Ibu : “Bawang putih!!! Bawang putih!!”
Bawang Abang :
“Ono opo to ibuke?? Bengak bengok ngalor ngidul?
Ibu
: “Bawang putih ning
endi?”
Bawang Abang : “Ora usah digoleki, mung wes ngerti tugase. Umbah umbah
toh.”
Ibu :
“Yoweslah lapo repot repot, ayo turu..”
Ing kali bawang putih umbah umbah klambi, nanging klambi sing
diumbah kenyut ing kali bawang putih bingung amarga klambi sing kenyut iku
gadhahane ibune.
Bawang putih :
“Piye iki? Iku rasukan gadhahane ibu.. aduh piye iki? Apa taktuti wae yo? Wes
tak tuti wae”
Akhire bawang putih ngetuti klambi iku mau..
Bawang putih :
“Aduh.. wes sore piye iki? Aku bali apa terus yo? Tapi yen aku bali, aku
diseneni ibu”
Langite wes peteng nanging bawang putih pencet ngetuti klambi
iku
Bawang putih : “Aku wedi, wes bengi apa aku taken ing omahe
mbah iku?
Tok tok tok “Assalamualaikum..”
Mbah :
“Waalaikumsalam.. sopo kuwi?”
Bawang putih “Kula
bawang putih, kula badhe mendhet rasukan ibu kula, punapa enten teng mriki?
Mbah :
“Owalah nduk nduk.. ono iku mau nyanthol ing ngarep omahku arep kok jupuk ta
nduk?
Bawang putih : “inggih mbah.. datheng pundi mbah”
Mbah :
“Yen arep njupuk awakmu kudu nginep ngancani mbah seminggu nduk.”
Bawang putih :
“Nanging mbah...”
Mbah :
“Yowes mung ora gelem”
Bawang putih :
“Inggih mbah”
(bawang putih mung nurut marang mbah iku mau, saben dina
bawang putih ngrewangi mbah. Ora kroso yen wes seminggu bawang putih nginep)
Mbah : “Ndukk wis seminggu awakmu ana kene.. wes wayahe awakmu
balik”
Bawang putih : “Mboten punapa yen kula tinggal
mbah?”
Mbah : “Ora papa nduk.. iki klambine ibukmu
lan iki ana semangka”
Bawang putih :
“Matur nuwun mbah.. menawi ngoten kula badhe nyuwun pamit, Assalamualaikum”
Mbah :
“Waalaikumsalam”
(Bawang putih wes ana ing omahe, ibu lan bawang merah pada
heran kenapa bawang putih nggawa semangka)
Ibu :
“Nyapo awakmu nggawa semangka kaya ngono? Wes ora balik seminggu malah nggawa
semangka”
Bawang Putih : “Niki kula diparingi mbah, yen mboten purun kula
mawon ingkan nyicip”
Bawang merah :
“Ora usah kok towari aku karo ibu yo ora arep mangan semangka murah kaya
nggenanmu!”
(bawang putih banjur njupuk lading digawe mecah semangka.)
(Gak disangka semangka mau isine masmasan. Bawang putih,
Bawang Abang, lan ibu kaget.)
Bawang merah :
“Mbok.. piye iki bawang putih oleh masmasan”..
Ibu
: “Ayo nirokke bawang
putih”
Ibu lan Bawang Abang lunga ning omahe mbah.
BawangAbang :
“Mbah! Kulo badhe nuwun semangka.”
Ibu :
“Iyo, semangka sing isine masmasan iku lho mbah!”
Mbah :
“Semangka? Masmasan? Aku ora ngerti.”
Ibu :
“Wis ojo kakean takon! Bawang Abang, njupuken Semangka ing kebun mburi iku.”
Bawang Abang : “Iyo mbok.”
Mbah :
”Ojo.. Ojo nduk….”
(bawang merah milih
semangka sing luwih gede saka semangka Bawang Putih.)
Bawang Abang :
“Mbok iki isini pasti luwih akeh”
Ibu
: “Yo methi nduk.. luwih
gedhe kok..”
Mbah :
“Ojo, ojo nduk, ojo dibukak…”
Bawang Abang lan Ibu ora merhatikake amanat Mbah iku.
(Barang dibelah semangka mau isine dudu mesamasan nanging
uler kang gede, uler iki mateni Bawang Merah lan Ibune nganti mati.)
(Bawang Putih ujuk ujuk teko.)
Bawang Putih :
“Bawang Merah! Ibu! Kepriben critane kok bisa ngene?!”
Mbah :
“Lha iku akibate.. Mulane dadi uwong aja mung serakah.”
