Minggu, 04 Oktober 2015

Drama Bahasa Jawa 4 Orang Putri (Bawang Abang & Bawang Putih)

Standard
BAWANG ABANG lan BAWANG PUTIH

ing sawijining dina, ing salahsiji  desa ana kaluwarga kang terdiri dari ibu, lan anak 2 wadon kabeh. Jeneng anak iki bawang abang lan bawang putih. Ibu lan bawang abang nduweni sifat kang ala, nanging bawang putih sifate kang apik.
    
Ibu                              : “Bawang putih!!! Bawang putih!!”
Bawang Abang                        : “Ono opo to ibuke?? Bengak bengok ngalor ngidul?
Ibu                               : “Bawang putih ning endi?”
Bawang Abang            : “Ora usah digoleki, mung wes ngerti tugase. Umbah umbah toh.”
Ibu                                           : “Yoweslah lapo repot repot, ayo turu..”
Ing kali bawang putih umbah umbah klambi, nanging klambi sing diumbah kenyut ing kali bawang putih bingung amarga klambi sing kenyut iku gadhahane ibune.

Bawang putih              : “Piye iki? Iku rasukan gadhahane ibu.. aduh piye iki? Apa taktuti wae yo? Wes tak tuti wae”
Akhire bawang putih ngetuti klambi iku mau..
Bawang putih              : “Aduh.. wes sore piye iki? Aku bali apa terus yo? Tapi yen aku bali, aku diseneni ibu”
Langite wes peteng nanging bawang putih pencet ngetuti klambi iku
Bawang putih               : “Aku wedi, wes bengi apa aku taken ing omahe mbah iku?
Tok tok tok “Assalamualaikum..”
Mbah                           : “Waalaikumsalam.. sopo kuwi?”
Bawang putih  “Kula bawang putih, kula badhe mendhet rasukan ibu kula, punapa enten teng mriki?
Mbah                           : “Owalah nduk nduk.. ono iku mau nyanthol ing ngarep omahku arep kok jupuk ta nduk?
Bawang putih              : “inggih mbah.. datheng pundi mbah”
Mbah                           : “Yen arep njupuk awakmu kudu nginep ngancani mbah seminggu nduk.”
Bawang putih              : “Nanging mbah...”
Mbah                           : “Yowes mung ora gelem”
Bawang putih              : “Inggih mbah”
(bawang putih mung nurut marang mbah iku mau, saben dina bawang putih ngrewangi mbah. Ora kroso yen wes seminggu bawang putih nginep)
Mbah                           : “Ndukk wis seminggu awakmu ana kene.. wes wayahe awakmu balik”
Bawang putih              : “Mboten punapa yen kula tinggal mbah?”
Mbah                           : “Ora papa nduk.. iki klambine ibukmu lan iki ana semangka”
Bawang putih              : “Matur nuwun mbah.. menawi ngoten kula badhe nyuwun pamit, Assalamualaikum”
Mbah                           : “Waalaikumsalam”
(Bawang putih wes ana ing omahe, ibu lan bawang merah pada heran kenapa bawang putih nggawa semangka)
Ibu                               : “Nyapo awakmu nggawa semangka kaya ngono? Wes ora balik seminggu malah nggawa semangka”
Bawang Putih              : “Niki kula diparingi mbah, yen mboten purun kula mawon ingkan nyicip”
Bawang merah            : “Ora usah kok towari aku karo ibu yo ora arep mangan semangka murah kaya nggenanmu!”
(bawang putih banjur njupuk lading digawe mecah semangka.)
  
(Gak disangka semangka mau isine masmasan. Bawang putih, Bawang Abang, lan ibu kaget.)
Bawang merah            : “Mbok.. piye iki bawang putih oleh masmasan”..
Ibu                               : “Ayo nirokke bawang putih”
Ibu lan Bawang Abang lunga ning omahe mbah.
BawangAbang             : “Mbah! Kulo badhe nuwun semangka.”
            Ibu                               : “Iyo, semangka sing isine masmasan iku lho mbah!”
            Mbah                           : “Semangka? Masmasan? Aku ora ngerti.”
Ibu                               : “Wis ojo kakean takon! Bawang Abang, njupuken Semangka ing kebun mburi iku.”
Bawang Abang           : “Iyo mbok.”
Mbah                          : ”Ojo.. Ojo nduk….”
 (bawang merah milih semangka sing luwih gede saka semangka Bawang Putih.)
Bawang Abang                        : “Mbok iki isini pasti luwih akeh”
Ibu                               : “Yo methi nduk.. luwih gedhe kok..”
Mbah                           : “Ojo, ojo nduk, ojo dibukak…”
Bawang Abang lan Ibu ora merhatikake amanat Mbah iku.
(Barang dibelah semangka mau isine dudu mesamasan nanging uler kang gede, uler iki mateni Bawang Merah lan Ibune nganti mati.)
(Bawang Putih ujuk ujuk teko.)
Bawang Putih              : “Bawang Merah! Ibu! Kepriben critane kok bisa ngene?!”
Mbah                           : “Lha iku akibate.. Mulane dadi uwong aja mung serakah.”



0 komentar:

Posting Komentar