Minggu, 04 Oktober 2015

Drama Bahasa Jawa 3 Orang (Jaka Tarub)

Standard
1 orang : Narator
2 Orang (Putra&Putri) : Jaka Tarub, Widadari

JAKA TARUB 
Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mulane gedhe banget wis mandeg. Eh…ditambah ana pelangi mentongol neng sisi kulon. Jarene wong-wong, yen ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi.Tapi…bener orane ya mbuh ora ngerti.
ADEGAN KE 1
Byur…Byur…Byur…
Widadari : “ Cihuy…Asik…bisa adus maning.Jen banyune seger pisan.
Wis seminggu ora adus,awake pada pliket.. lah jan…segerepol pokoke lah…”
(Neng Prapatan… Jaka Tarub mlaku-mlaku karo nembang “Lir-ilir.. Lir-ilir..”)
Jaka Tarub : ” Lir ilir.. Lir ilir, shh Duh…wetenge aku lara banget,mules…mau esuk kakean mangan sambel..” (Jaka Tarub mlayu ing jamban pinggir kali)
ADEGAN KE 2
Jaka Tarub : “ Aduh jan lega.… pisan…..eh tapi kayata ana sing sejen ya,deneng mambu wangi ana apa ya?kayane ambune sekang kulon. Jajal tek tiliki lah.
Wualah-wuualah apa nyong ora salah weruh,kae ono widadari pada adus….ce…ce….ce….bening pisan kena nggo cuci mata iki!
Oh ya aku duwe ide cemerlang,tak jukuk lah slendange,supaya ora bisa bali.
Jaka Tarub njukuk slendang widadari
ADEGAN KE 3
Widadari : ”wis lah, aku arep bali ning kayangan, kayane aduse wis cukup,wis keset.. Eh…..Slendangku endi ya? Kok ilang? Lho lho? Selendangku!?”
Ijik-ijik….Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae….
Widadari : “ Hikk…hikss… slendangku nengendi lah…”
Jaka Tarub : “ Eh…Cah ayu,kena apa nangis neng kono dewekan.Wis gedene semono masa nangis.Apa ora isin…”
Widadari : “ Slendangku ilang.. Sapa kowe?”
Jaka Tarub : ” perkenalken,Aku Jaka Tarub.Pemuda sing paling cakep,paling ganteng,paling joss neng desa Wagir. Nah saiki giliran aku sing arep takon Cah ayu dewek jenenge sapa,terus bisane neng kene anu kepriben critane.”
Widadari : ” Dadi Jaka Tarub, anu sing biasane nggaweni tarub angger ana manten ya…?”
Jaka Tarub : ” Sembarangan…aku Jaka Tarub,udu tukang nggaweni tarub.”
Widadari : ” Oh….Ya wis,giliran aku yah. Aku Widadari. Nama bekenne Aura Kasih. Aku teka sekang khayangan.Tapi sing dadi masalah, saiki aku ora bisa bali ning khayangan. Soale slendangku ilang.”
Jaka Tarub : ”Ow…dadi kaya kuwe critane.Melas temen…Ya wis,siki ko melu aku bae yuh.”
Widadari : ” Melu nang ngendi lah?”
Jaka Tarub : ” Aja kakean takon. melu bae koh. Apa koen gelem tek tinggal dewekan neng kene.Hayuh…gelem ora?”
 Widadari : ”Lah ya emoh.”
Jaka Tarub : ” Ya wis,mangkane melu aku bae. Sante bae.. ora de apak-apakna, ora.”
Widadari : “Ya wis,siki aku melu sampeyan.Tapi sampeyan ojo macem-macem,tak tutuk lho…”
Jaka Tarub : “ Iya lah…”
Sa’wise kaya kuwe,Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub.Mbarang wis
Suwe…akhire Jaka Tarub karo Widadari pada seneng-senengan.
Banjur,akhire pengantenen.
ADEGAN KE 4
Jaka Tarub : ” Gawekna wedang jahe ngeneh.Sore-sore kaya ngene kayane asik ngombe wedang jahe.”
Widadari : ” ya.Sabar.”
Widadari : ” Jen…bapake,karepe ben sore wedang…bae.Apa ora bosen.”
Jaka Tarub : ” Ya ora tah.Wong sing nggawekna bojone sing paling….ayu.Jen,ayu pisan pokoke lah.”
Widadari : ” Bapak tah senengane gombal lho…mesti ana karepe.”
Jaka Tarub : ” Ngerti Bae.”
 “ Oh ya,neng lumbung beras kulon ana berase.Wingi ana kiriman beras seka kang Husen.”
Widadari : “ Jajal tak tiliki ya Pak.”
Jaka Tarub : ”Ya nganah.”
Neng lumbung beras kuwi, Widadari nemu slendang batik.
Mirip kaya slendange sing ilang.Widadari curiga,apa
Iya, Jaka Tarub sing njukuk slendange?

ADEGAN KE 5
Widadari: “ Pak, aku arep takon.Penting benget! masalah slendangku sing mbiyen ilang. Pak,kenapa bisa slendange aku ana neng lumbung wadah beras? Bapak sing njukuk slendangku ya…???
Jaka Tarub : ”Hah…slendang?Slendang apa?Aku ora ngerti.”
Widadari : “ Lah…. Ngaku bae pak.. Aku bener-bener kecewa karo bapak.Wis tak bela-belani ora balik,  slendange malah dijupuk karo wong sing paling aku tresnani.
Teganya….teganya….teganya…
Jaka Tarub : ” Pangapurane Yang…Aku bener-bener njaluk pangapura.Aku ora ngerti bakalan kaya ngene akhire.”
Widadari ; ”Pak…aku kuciwa…kuciwa.Sedih atiku…”
Aku ora bisa kaya kiye terus. Aku kudu lunga saiki. Pak,tulung jaga Aliando sing bener.Aku titip tulung dirumat. Wis…Aku lunga ya…Slamat tinggal…..
Jaka Tarub : ” Yang….aja lunga lah…aja tinggalna aku dewekan neng kene.Melasi anakku Aliando. Masa aku dadi DUDA…..
Widadari akhire balik maring khayangan. Anak siji-sijine karo bojone
Detinggal lunga dewekan.
Jaka Tarub banjur dadi DUDA……………………



0 komentar:

Posting Komentar