1 orang : Narator
2 Orang (Putra&Putri) : Jaka Tarub, Widadari
JAKA TARUB
Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mulane gedhe banget wis
mandeg. Eh…ditambah ana pelangi mentongol neng sisi kulon. Jarene wong-wong,
yen ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi.Tapi…bener
orane ya mbuh ora ngerti.
ADEGAN KE 1
Byur…Byur…Byur…
Widadari : “ Cihuy…Asik…bisa adus maning.Jen banyune seger
pisan.
Wis seminggu
ora adus,awake pada pliket.. lah jan…segerepol pokoke lah…”
(Neng
Prapatan… Jaka Tarub mlaku-mlaku karo nembang “Lir-ilir.. Lir-ilir..”)
Jaka
Tarub : ” Lir ilir.. Lir ilir, shh Duh…wetenge aku lara banget,mules…mau esuk
kakean mangan sambel..” (Jaka Tarub mlayu ing jamban pinggir kali)
ADEGAN
KE 2
Jaka
Tarub : “ Aduh jan lega.… pisan…..eh tapi kayata ana sing sejen ya,deneng mambu
wangi ana apa ya?kayane ambune sekang kulon. Jajal tek tiliki lah.
Wualah-wuualah
apa nyong ora salah weruh,kae ono widadari pada adus….ce…ce….ce….bening pisan
kena nggo cuci mata iki!
Oh
ya aku duwe ide cemerlang,tak jukuk lah slendange,supaya ora bisa bali.
Jaka
Tarub njukuk slendang widadari
ADEGAN
KE 3
Widadari
: ”wis lah, aku arep bali ning kayangan, kayane aduse wis cukup,wis keset..
Eh…..Slendangku endi ya? Kok ilang?
Lho lho? Selendangku!?”
Ijik-ijik….Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae….
Widadari
: “ Hikk…hikss… slendangku nengendi lah…”
Jaka
Tarub : “ Eh…Cah ayu,kena apa nangis neng kono dewekan.Wis gedene semono masa
nangis.Apa ora isin…”
Widadari
: “ Slendangku ilang.. Sapa kowe?”
Jaka
Tarub : ” perkenalken,Aku Jaka Tarub.Pemuda sing paling cakep,paling
ganteng,paling joss neng desa Wagir. Nah saiki giliran aku sing arep takon Cah
ayu dewek jenenge sapa,terus bisane neng kene anu kepriben critane.”
Widadari
: ” Dadi Jaka Tarub, anu sing biasane nggaweni tarub angger ana manten ya…?”
Jaka
Tarub : ” Sembarangan…aku Jaka Tarub,udu tukang nggaweni tarub.”
Widadari
: ” Oh….Ya wis,giliran aku yah. Aku Widadari. Nama bekenne Aura Kasih. Aku teka
sekang khayangan.Tapi sing dadi masalah, saiki aku ora bisa bali ning
khayangan. Soale slendangku ilang.”
Jaka
Tarub : ”Ow…dadi kaya kuwe critane.Melas temen…Ya wis,siki ko melu aku bae
yuh.”
Widadari
: ” Melu nang ngendi lah?”
Jaka
Tarub : ” Aja kakean takon. melu bae koh. Apa koen gelem tek tinggal dewekan
neng kene.Hayuh…gelem ora?”
Widadari : ”Lah ya emoh.”
Jaka
Tarub : ” Ya wis,mangkane
melu aku bae. Sante bae.. ora de apak-apakna, ora.”
Widadari
: “Ya wis,siki aku melu sampeyan.Tapi sampeyan ojo macem-macem,tak tutuk lho…”
Jaka
Tarub : “ Iya lah…”
Sa’wise
kaya kuwe,Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub.Mbarang wis
Suwe…akhire
Jaka Tarub karo Widadari pada seneng-senengan.
Banjur,akhire
pengantenen.
ADEGAN
KE 4
Jaka
Tarub : ” Gawekna wedang jahe ngeneh.Sore-sore kaya ngene kayane asik ngombe
wedang jahe.”
Widadari
: ” ya.Sabar.”
Widadari
: ” Jen…bapake,karepe ben sore wedang…bae.Apa ora bosen.”
Jaka
Tarub : ” Ya ora tah.Wong sing nggawekna bojone sing paling….ayu.Jen,ayu pisan
pokoke lah.”
Widadari
: ” Bapak tah senengane gombal lho…mesti ana karepe.”
Jaka
Tarub : ” Ngerti Bae.”
“ Oh ya,neng lumbung beras kulon ana
berase.Wingi ana kiriman beras seka kang Husen.”
Widadari
: “ Jajal tak tiliki ya Pak.”
Jaka
Tarub : ”Ya nganah.”
Neng
lumbung beras kuwi, Widadari nemu slendang batik.
Mirip
kaya slendange sing ilang.Widadari curiga,apa
Iya,
Jaka Tarub sing njukuk slendange?
ADEGAN
KE 5
Widadari:
“ Pak, aku arep takon.Penting benget! masalah slendangku sing mbiyen ilang. Pak,kenapa
bisa slendange aku ana neng lumbung wadah beras? Bapak sing njukuk slendangku
ya…???
Jaka
Tarub : ”Hah…slendang?Slendang apa?Aku ora ngerti.”
Widadari
: “ Lah…. Ngaku bae pak.. Aku bener-bener
kecewa karo bapak.Wis tak bela-belani ora balik, slendange malah dijupuk karo wong sing paling aku
tresnani.
Teganya….teganya….teganya…
Jaka
Tarub : ” Pangapurane Yang…Aku bener-bener njaluk pangapura.Aku ora ngerti
bakalan kaya ngene akhire.”
Widadari
; ”Pak…aku kuciwa…kuciwa.Sedih atiku…”
Aku
ora bisa kaya kiye terus. Aku kudu lunga saiki. Pak,tulung jaga Aliando sing
bener.Aku titip tulung dirumat. Wis…Aku lunga ya…Slamat tinggal…..
Jaka
Tarub : ” Yang….aja lunga lah…aja tinggalna aku dewekan neng kene.Melasi anakku
Aliando. Masa aku dadi DUDA…..
Widadari
akhire balik maring khayangan. Anak siji-sijine karo bojone
Detinggal
lunga dewekan.
Jaka
Tarub banjur dadi DUDA……………………